Monday, 23 June 2014

Lirik Sholawat : Pepali Ki Ageng - Habib Syech

Lirik Sholawat Pepali Ki Ageng - Habib Syech


Lirik Sholawat : Pepali Ki Ageng - Habib Syech

Allahumma sholli 'ala sayyidina
Muhammadin tibbil qulubi wadawaiha
Wa'afiyatil abdani wa syifa'iha
Wa nuuril abshoori wadliyaaiha
Wa alaa alihi washohbihi wasallim

Pepali ki ageng, selo amberkahi;:
Ojo gawe angkuh, ojo ladak lan ojo jahil
Ojo ati serakah lan ojo celimut
Ojo buru aleman lan ojo ladak
Wong ladak pan gelis mati, lan ojo ati ngiwo

Niruho wong mulyo, habaib ulomo
Niyat hormat golek tsawab ujar berkah kang minulyo
Ojo sampe modo, ora keno nyelo
Luwih becik derek tindak lampah pinuji minulyo
Tembung alus ati ati, lungguhe ojo sembrono

Sopo nandur bagus, bakal panen ugo
Seneng ayem bahagia, anak putu sak kluwargo
Lamun dadi penggede, printah anak buahe
Ojo nganti keras kaku, sak seneng karepe dewe
Dadiyo siro pelindung, printah kelawan kiro kiro

Iling lan waspodo, dawuh kang utomo
Senengno jiwamu lan atimu, ojo salah tompo
Pitutur kang luhur, printahe agomo
Ojo simpang siur, tindak ngawur ndadekno sengsoro
Dadiyo wong agung kang minulyo, tumindak sempurno

Nindaki kewajiban, kanti dasar iman
Akhlaq bagus tumus, sabar alus noto ati mapan
Ta'at lan ngabekti, perintahe gusti
Nindakno ngibadah, netepi printah amal kang pinuji
Nyadong ridlo rahmat lan syafa'at saking kanjeng nabi

loading...

Related Posts

Disqus Codes
  • To write a bold letter please use or
  • To write a italic letter please use or
  • To write a underline letter please use
  • To write a strikethrought letter please use
  • To write HTML code, please use or
    or

    And use parse tool below to easy get the style.
Show Parser Box

strong em u strike
pre code pre code spoiler
embed